Lha kok Jebule Kejlungup
Dening :
Yunita Dianasari/my sister - 034
Mumpung Dina Minggu dhek mben kuwi, aku, mbakyuku, lan ibuku pit-pitan menyang pasar. Neng pasar ibuku blanja sayuran akeh banget, ana wortel, lombok, kenthang, buncis, bayem, tomat lan sapanunggalane. Banjur mulih, ibuku bingung bab nggawane sayuran kuwi mau. Pungkasane blanjan mau didadekake rong plastik gede. Siji digawa mbakyuku ing krenjang pite lan sijine maneh dak gawa .
Ing dalan, aku nyawang-nyawang omah sing pada isih tutupan. Soale minggu-minggu, mula akeh sing pada ngepluk.
Saking gedene plastik mau, aku nganti gor entuk lungguhan sithik ing goncengane ibuku. Lan ngerti-ngerti “Gedebuk” lha kok jebule aku kejlungup neng aspalan saka pite ibuku, amarga nglewati gronjalan sing lumayan dhuwur, ditambah meneh aku ora gocekan ibuku. Nggumune sing njiblok kuwi yo mung awakku thok, gene blanjanane isih tetep neng goncengane ibuku. Aku tenan-tenan ora sadar wektu njiblok kuwi. aku mung gage-gage tangi tanpa ngerti apa-apa bab kedadeanne.
Mbakyuku sing ngepit neng mburiku ngguyu kemekelen ra uwis-uwis, amarga ndelok prosese njiblokku saka pit, kang jerene gayeng. Aku lagi sadar sawise pirang-pirang menit bar njiblokku. Aku langsung marani pite ibuku kang uga ora ngerti yen aku kejlungup (njiblok) neng aspal. Sabanjure ibuku ngerti yen aku kejlungup, panjenengane uga melu-melu ngguyu.
Neng njero atiku ngomong “Untu…ng wae wong-wong isih padha turu, nek ora ngono nak yo sing ngguyu aku ora mung ibu lan mbakyuku thok, nanging uga wong-wong sing ndeloki aku kejlungup. Matur nuwun nggih, kagem panjenengan-panjenengan kang sampun ngepluk ing wektu niku.”
